Pawelinge Mbah Maimoen

Pawelinge Mbah Maimun Zubair

  1. Ora kabeh wong pinter kuwi bener.
  2. Ora kabeh wong bener kuwi pinter.
  3. Akeh wong pinter ning ora bener.
  4. Lan akeh wong bener senajan ora pinter.
  5. Nanging tinimbang dadi wong pinter ning ora bener, luwih becik dadi wong bener senajan ora pinter.
  6. Ana sing luwih prayoga yaiku dadi wong pinter sing tansah tumindak bener.
  7. Minterna wong bener kuwi luwih gampang tinimbang mbenerake wong pinter.
  8. Mbenerake wong pinter kuwi mbutuhke beninge ati, lan jembare dhodho.

kajupuk saka: https://twitter.com/MbahDinNU/status/1365065218687004674?s=08

Wedhak pupur

Ayumu mung krana wedhak pupur
Eling tansah tak eling
Swara alus kang lamis
Tak ugemi dadi gegondhelanku
Rupa ayu, ayu pupur
Isih kagambar ing panetraku
Pupur putih, duh wong ayu
Rikma abang rambut jagung
Alis menges nanggal sepisan
Sajak ngoyak ati kang kebak tatu
Eling bakal tak eling
Tumindak wis ngidang nraju emas
Ya… Iki cah ayu wedhak pupur
Ora, ora bakal nglali
Weling saka wong kebak tatu
Ugemana, ya ugemana
Lamun oleh milih
Aja milih, milih wong ayu
Nanging kasunyatan iki
Wani muni wani nglakoni
Ananging ora kanggo sliramu
Hambok bisa tinemu nalar
Yen bisa aku nyuwun
Urip tanpa wong ayu

Wong ayu wedhak pupur

Lorog, 24 Februari 2021

Alam ndonya

Anetepi jejibahan
Eling tur waspada
Sangkan lan paranne manungsa
Titah ora bakal kleru
Rikala manungsa lair
Ingsun katitipan ginaris pesthi

Aja kagodha
Endahing donya
Sapa lirwa bakal sara
Tembe mburi bakal ditagih
Rasa juwamah merga kadonyan
Ingsun bakal ngundhuh wohing pakarti

Adigang, adigung, lan, adiguna
Elingo, kabeh kuwi mung mampir ngombe
Syukur sing gedhe
Tanpa khufur nikmate
Rupa bagus, tumindak alus
Iku bisa dadi biyus

Sidoarjo, 2009

Rasa pangrasa

Aku mung keping crita
Eluh iku
Saya akeh pitakon
Tapi wedi
Rasa apa
Ibarat ancik -ancik pucuking eri

Kabeh kuwi mung saderma nglakoni
Sedi lan tangis wis ana garise
Ora isa ditata kanthi teori
Pepesti kuwi mung pati

Godha kuwi nyata
Ning nyatane mung kaya kegodha
Indah tapi urung bisa ngendahke

Kapercayan kuwi utama
Sulistya jembar kapercayan

Yung
Tulungen aku
Dak kira eluh
Bakal ngiket kapercayan
Dak kira kaendahan
Ora bisa nggawa godha
Yung
Aku kancanono

Wayahe aku bisa crita
Utamane aku bisa nangis
Lakuku ginaris
Anetepi titah
Nanging abot tanpa sanding

Lorog, 20 februari 2021

Sang Hyang Tunggal

Sang Hyang Tunggal iku putrane Sang Hyang Wenang, miyos saka Dewi Saoti. Sawise diwasa, ora beda karo ingkang rama, Sang Hyang Tunggal uga seneng ngalaya jagad, sengsem tarak brata matiragaingpapan-panggonan kangangker-werit. ingpuncaking aldaka kang kaliwat sonya, utawa ing guwa kang sepi-samun.
Miturut layang Paramayoga, Sang Hyang Tunggal jumeneng Ratu ing nagara Keling, ngratoni para jin. Garwane kaprenah sadulur nak-dulur dhewe, yaiku kang apeparab Dewi Dremani (Darmani), putrane putri Sang Hyang Darmajaka utawa Sang Hyang Wening. Sang Dewi apeputra telu, yaiku : 1 Sang Hyang Darma dewa (Sang Hyang Rudra), 2 Sang Hyang Darmastuti, 3 Sang Hyang Dewanjali.

Sumber: https://www.hadisukirno.co.id

Bareng wis kagungan putra telu, Sang Hyang Tunggal nggalih gurasane Pustakadarya, satemah banjur priksa yen ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya salugune ing sakawit manungsa sajati abadan jasmani, lan priksa manawa putra-wayahe Nabi Adam padha dadi kekasihe Gusti Allah ngratoni ngalam-donya. Sang Hyang Tunggal rumangsa isih kuciwa yen putra-wayahe ora bisa ngratoni ngalam donya. Awit saka iku, Sting Hyang Tunggal tuwuh prentuling panggalih kapengin bisa apeputra kang abadan jasmani kaya salumrahe manungsa ing marcapada, nanging uga kang kawasa abadan rokhani, tegese sing bisa ngilang ora kasatmata ing liyan, supaya bisa ngratoni Triloka, ngratoni jagad tetelu, yaiku: jagad ndhuwur, jagad tengah lan jagad ngisor. Kang diarani jagad tengah iku marcapada, parameane bangsa kang abadan jasmani; dene jagad ndhuwur ian jagad ngisor iku alam Ngadam-makdum, yen layang Jitapsara ngarani jagad Sunyaruri, yaiku alaming jin, parameane bangsa kang abadan rokhani kabeh.
Sawise manggalih mangkono, Sang Hyang Tunggal banjur seleh kaprabon marang ingkang putra pambayun yaiku Sang Hyang Darmadewa kang uga apeparab Sang Hyang Rudra, tumuli lolos saka praja ateteki ing papan sepi-sonya, nenuwun marang Hyang Maha Agung murih kaleksananing sedyane. Bareng olehe mratapa wis sawatara warsa lawase, Sang Hyang Tunggal antuk parmaning Allah; ratuning Jin kang ajejuluk Sang Hyang Yuyut sowan ing ngarsane Sang Hyang Tunggal ngaturake putrane putri kang asesilih Dewi Rakti. Sang Hyang Tunggal karsa nampani Dewi Rakti kanthi suka-renaning panggalih.
Sawise kagarwa Sang Hyang Tunggal sawatara lawase, Dewi Rakti apeputra ora awujud jabang-bayi, nanging awujud kaya sesotya gedhene sa-aritiga (sa-endhog), cahyane sumorot mbalerengi. Bareng nedya diasta dening Sang Hyang Tunggal, kang apindha sesotya sa-antiga musna padha sanalika. Amarga rumangsa kacuwan, Sang Hyang Tunggal banget seljel panggalihe, mulane banjur manungku puja maneges karsane Ingkang Maha Kawasa. Durung sapiraa suwene olehe manungku puja, Sang Hyang Tunggal kerawuhan ingkang rama ‘ Sang Hyang Wenang, paring piwulang ing babagan guna-kasantikan. Bareng Sang Hyang Tunggal wis lebda ing sawarnaning gunakasantikan, Sang Hyang Wenang banjur maringake sakabehing pusakane dewa, yaiku : Retna Dumilali, Lata Mahosadhi lsp. Sawise kabeh pusakaning dewa ditampani dening Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Wenang banjur manunggal karo Sang Hyang Tunggal.
Miturut carita padhalangan, Sang Hyang Tunggal akahyangan ing Alangalangkumitir. Garwane, ing sakawit Dewi Dremani, putrane putri Sang Hyang Wening utawa Sang Hyang Darmajaka. Sawise Dewi Dremani apeputra 3, yaiku Sang Hyang Lodra utawa Rudra (Sang Hyang Darmadewa), Sang Hyang Darmastuti lan Dewanjali, Sang Hyang Tunggal banjur nggarwa Dewi Rekathawati, putrane putri Prabu Rekathatama ratune para jin ing samodra.
Dewi Rekathawati mung apeputra sapisan awujud ar.tiga pindha sesotya, sumorot mbalerengi. Wasanane antiga pecah dadi manungsa telu, yaiku : 1 Sang Hyang Antaga (Togog) kadadean saka kuliting antiga; 2 Sang Hyang Ismaya (Semar) kadadean saka putihing antiga; 3 Sang Hyang Manikmaya (Bathara Guru) kadadean saka kuninging antiga.

Sumber: S. Padmosoukotjo, Silsislah Wayang Purwa Mawa carita

Mbah Kakung Ing Schipol

Wis luwih saka sewulan saben dina minggu ing gerbang kedatangan Bandara Schipol, ana simbah kakung mapag penumpang pesawat Garuda sing mabur saka Jakarta.

Mripate prasasat tanpa kedep nyawang penumpang sing metu saka gerbang kedatangan, utamane penumpang wanita.
Ing ngarep lawang metune penumpang, ana cafe sing biasane dinggo andok wong kang lagi mapag penumpang.

Sawise krasa kesel simbah kakung mau banjur pesen kopi sadurunge dheweke mulih. Makasiswi ayu sing ngewangi kerja dadi pelayan cafe ora iso nahan rasa penasarane.

Nalika nyuguhne secangkir kopi deweke takon: “Mbah Kakung, Sampeyan njemput sopo? Tak etung saiki wis minggu kaping lima tanpa ketemu karo sapa wae.”
Mbah kakung kasebut kanthi ringkes mangsuli: “Ora, aku ora njemput sopo-sopo, nanging aku pengin weruh wong saka Indonesia”.
“Sampeyan pengin weruh sapa, dulur?”
“Aku pengin weruh sopo wae, wong wadon.”
“Apa ora wis akeh wong wadon Indonesia sing wis liwat sakawit limang minggu kepungkur?”
“Iya, nanging ora ana sing dakkarepake.”
“lha njur?”

Mbah kakung njupuk foto saka kesak klambi karo ngomong “Aku pengin weruh wanita

sing nganggo klambi kaya iki.”
Mahasiswi ayu kasebut ngiling-ilingi foto kanthi tliti sinambi memuji ayune wong ing foto lan kaendahane busana sing disandhang.
“Woow wat mooi Meisje, sandhangan apa iki?”
“Kain-kebaya, busana kebanggaan wong Indonesia. Pungkasan aku ndeleng wanita ngango kebaya ngene iki setengah abad kepungkur, wektu nikahe masku.”
“Wah, wis setengah abad kepungkur, suwee banget”, ujare mahasiswi ayu kasebut.

“Iya, aku saiki umur pitung puluh taun, sadurunge aku mati pengin weruh wanita nganggo kebaya” mbah kakung kumembeng netrane lan kebak pangarep-arep.
“Muga-muga minggu ngarep sampeyan bisa nemokake wanita Indonesia nganggo kebaya”, ujare mahasiswi ayu kasebut kanggo nyenengake.
Ing minggu kaping sepuluh, mbah kakung kasebut isih ngenteni. Nanging praupane tambah nggrantes.
“Mbokmenawa aku kudu nampa kasunyatan owah-owahing jagad”.

Nampa kasunyatan sing pahit. Dheweke mulai kuciwa marang Indonesia amarga mbuwang adat bangsane dhewe, sanajan rasa kuciwane iki durung bisa ngilangne rasa tresnane marang budaya Indonesia.
Nanging jebule Indonesia sing ditresnani wis ganti, Indonesia wis ganti rasa.
Mbah kakung senden ing kursi cafe, pandelenge isih tetep metu ing lawang, nanging kosong.

Dumadakan mripate saya padang, ing sakngarepe ngadeg ana wanita anggun nganggo busana kebaya ireng rambute digelung konde karo nyonggo baki isi secangking kopi.
“Meneer dit is jou koffie, alstublief.”
Karo mesem manis, wanita kasebut mbagekne kopi anget kanggo mbah kakung iku. ”
Sawise sawetara suwe mandheng tanpa kedhep, dheweke ngerti yen wanita kebaya ireng iku mahasiswi ayu sing megawe ing cafe iki.
Mripate mbah kakung wiwit kumembeng, eluhe netes.

Mbah kakung ngranggeh tangane wanita nganggo busana kebaya, karo ngadek saka kursine.
Mahasiswi ayu alon-alon ngomong, “Nuwun sewu, aku ora ayu lan luwes kaya ing foto, iki kabeh sing bisa daklakoni kanggo pangormatan marang sampeyan awit katresnan ingkang gedhe marang budayane”.
Mbah kakung ora bisa ngomong apa-apa, awake saya ndredek lan lemes. Mahasiswi ayu mau ngrangkul mbah kakung kanthi rumaket.

Amsterdam, 14 Juli 2019
S. Margana

Kajupuk Saka: https://twitter.com/Lestari_Leonita/status/1357842061748097024

Eling

Anyampurnakake kahanan
Endahing kasunyatan
Senajan kebak eluh
Tansaya ora cetha
Rasa seneng apa bacut gela
Ihdinas siratal mustaqim

Waspada tur eling
Agama kuwi cagaking kasampurnan
Hanyambung donya lan akherat
Ya ayyuhalladzina amanu
Urip mung saderma mampir ngombe

Sang Hyang Narada

Sang Hyang Narada karo Bathara Guru, miturut layang Paramayoga, sadulur misan utawa tunggal buyut, yaiku padhadene buyute Sang Nurrasa. Nanging awune luwih tuwa Sang Hyang Narada, mulane panyebute Bathara Guru marang Sang Hyang Narada “kakang Narada”

Sumber: id.wikipedia.id

Miturut layang Punvakanda, Sang Hyang Narada karo Bathara Guru iku kadang nunggal rama-ibu, nanging luwih tuwa Sang Hyang Narada, mulane Bathara Guru nyebut “kakang Narada”. Miturut buku iku, Sang Hyang Tunggal apeputra papat, yaiku:
1 Sang Hyang Puguh (Togog), 2 Sang Hyang Punggung (Semar), 3 Sang Hyang Manan (Narada), 4 Sang Hyang Samba (Bathara Guru).
Miturut layang Mahabharata, Sang Hyang Narada putrane Maharsi Kasyapa miyos saka garwane Sang Maharsi kang angka 12, yaiku kang asesilih Dewi Muni. Wondene Bathara Guru, ing layang Mahabharata ora ana.
Layang Paramayoga mratelakake, Sang Hyang Caturkanaka garwane asma Dewi Laksmi. Sawise apeputra telu yaiku : Sang Hyang Narada (Kanekaputra), Sang Hyang Pritanjala lan Dewi Tiksnawati, Dewi Laksmi banjur kapundhut dening Sang Hyang Jagadnata (Bathara Guru) m in angka lelirune Dewi Uma. Amarga garwane yaiku Dewi Laksmi kapundhut dening Sang Hyang Jagadnata, Sang Hyang Caturkanaka banget nawung
prihatin. Sang Dewi kang tuhu musthikaning para wanudya, tansah katon gawang-gawangan ana. ing padoning netra, gumantung tuntunging wardaya. Ing sakawit Sang Hyang Caturkanaka ora bisa ngampah wiyoganing panggalih, rumangsa ketaman sewu lara sewu sedhih. Nanging lawas-lawas banjur mupus, panggalihe bisa sumeleh, sumendhe ing pepesthen. Sang Hyang Caturkanaka wasanane karsa; krama maneh, apeputra loro, yaiku Sang Hyang Caturwarna lan Caturbuja. Dadi Sang Hyang Narada kagungan kadang tunggal rama-ibu loro (Sang Hyang Pritanjala lan Dewi Tiksnawati), lan kadang tunggal rama seje ibu uga loro (Sang Hyang Caturwarna lan Caturbuja).
Sang Hyang Kanekaputra (Narada) n; mpuni ing guna-kasantikan sarta jaya kawijayan, sengsem mratapa ing samodra, ora bisa teles dening tirta lan ora bisa kumelem ing samodra. Amarga saka genturing tapa-bratane, tejane sumunar katon saka ing Jonggringslaka, kawuningan dening Sang Hyang Jagadnata. Awit saka iku Sang Hyang Jagadnata dhawuh marang.para dewa, ndikakake nitipriksa samodra barang apa kang mawa teja angujwala kawistara saka ing Jonggringsalaka. Satekane ing samodra, para dewa priksa ana maharsi mbeneri lagi manungku puja samadi. Tar.pa ganggugawe marang kang lagi tarak brata manungku puja, para dewa enggal-enggal mbalek menyang Suralaya, ngaturi priksa marang Sang Hyang Jagadnata yen ana maharsi mratapa ing samodra.
Heh para dewa kabeh ! Maharsi kang lagi mratapa ana ing samodra tumuli timbalana, kerida ing salakunira. Sira ingsun paringi purba-wasesa; manawa maharsi iku lenggana kena sira roda-paksa, yen bangga rampungana!” Mangkono dhawuhe Sang Hyang Jagadnata.
Para dewa matur sendika, banjur padha budhal maneh menyang samodra.
“Heh maharsi tapa, wruhanira! Para dewa kabeh iki ngemban timbalane Sang Hyang Jagadnata, ndikakake nimbali sira. Sira kadhawuhan sowan Sang Hyang Jagadnata ing Jonggringslaka saiki uga, bebarengan karo lakune para dewa”. Mangkono ngendikane para dewa marang sang tapa. Sang Hyang Narada kang nalika samana lagi muja samadi nutupi babahan hawa sesanga, noleh bae ora marang para dewa, terus pitekur kae nganti wola-wali para dewa anggone ndhawuhake timbalane Sang Hyang Jagadnata, nanging babar-pisan ora antuk wangsulan saka sang tapa. Suwe-suwe para dewa entek sabare, satemah banjur tumindak kanthi roda-paripaksa. Para dewa padha tumandang bebarengan njunjung sang tapa, nedya digotong binoyong menyang ngarsane Sang Hyang Jagadnata. Nanging para dewa ora kuwat ngangkat mandar salirane sang tapa obah bae ora. Para dewa padha kaku panggalihe, banjur padha bebarengan ngrubut sang tapa kanthi gegaman maneka warna. Nanging, sanajan dikrocok sanjata dening| para dewa, sang tapa katon ayem bae, nerusake pitekure. Bareng wis kesel olehe mrawasa marang sang tapa, para dewa banjur mbalik menyang Jonggringslaka sowan ing ngarsane Sang Hyang Jagadnata, ngaturake sak-rehing dinuta. Sawise midhangetake ature para dewa. Sang Hyang Jagadnata tumuli tedhak piyambak ing samudra kanthi nawung duka.
“Heh manungsa tapa! Apa kang dadi gegayuhanira, dene sira kepati tapa-brata, Apa sira kapengin mumpuni ing sawarnaning guna-kasantikan lan kawicaksanan ngungkuli para dewa kabeh!” Mangkono ngendikane Sang Hyang Jagadnata.
Amarga kang mratapa isih meneng bae, tanpa mangsuli sakecap, Sang Jagadnata banjur ngendika maneh: “Heh maharsi tapa! Nadyan sira ora mblakakake sedyanira, ingsun ora kesamun marang gegayuhanira. Sira iku banget adigung-kumlungkung darbe cipta kapengin pinangeran ing jagad. Sedyanira mangkono iku tangeh lamun bisaa kasembadan, amarga ya ingsun iki kang binathara ing jagad tanpa sisihan. Nadyan sira mratapa nganti 1000 warsa, ingsun tanpa mratapa sadina, tangeh lamun sira bisa madani ingsun, jer ingsun iki wis pinasthi kudu mbawani bawana. Sira kalah tuwa karo ingsun; dene kang luwih tuwa tinimbang ingsun bumi lan langit sarta cahya kang nglimputi bawana. Wondene kang tuwa dhewe ora liya mung anane Sang Hyang Wisesa”.
Saparipurnaning pangandikane Sang Hyang Jagadnata, sang tapa tumuli mudhar tapa, mak gregah banjur ngendika karo gumuyu latah : “Wruhanira ! Ingsun iki kang apeparab Sang Hyang Narada, iya Sang Hyang Kanekaputra. Sadurunge sira ngendika, ingsun wus sumurup manawa sira iku Sang Hyang Jagadnata kang mbawani bawana lan pinangeran ing jagat, ratuning para dewa kabeh. Nanging manawa kawruhira mung kaya kang sira andharake dhek mau, durung kena ingaranan etuking kawruh bab sampurnaning urip, lan durung waspada marang Jatining tunggal, amarga anane Hyang Wisesa sira anggep kang sepuh dhewe. Mangka nalika anane Hyang Wisesa wus miyarsa swara kadi gentha kekeleng dumeling. Mulane kasinungan pangrungu, iku dadi tandha yekti yen wis ana kang amengku. Hla kang amengku iku sapa! Lan maneh nalikane isih awang-uwung bumi-langit durung ana, apa kang ana dingin, lan sapa kang ngcnakake! Yen sira durung sumurup babare pangandikaningsun iki, durung kena sinebut putus ing budi.”
Bareng midhanget pangandikane Sang Hyang Narada mangkono iku, Sang Hyang Jagadnata njentung banget panggalihe, amarga banjur rumangsa kurang putus ing kawruh, wasana banjur ngendika kanthi basa mardu-mardawa; “Kakang Kanekaputra!
Samangke kula saweg rumaos, bilih kula punika salu’gunipun dereng putus ing kawruh. Awit saking punika, kakang tetepa dados sepuh, asunga seserepan dhateng kula, kadospundi terangipun ingkang jengandika ngendikakaken kala wau punika, supados adamel padhanging manah kula. Kakang karsaa minggah dhateng kahyangan, kula pasrahi wewenang ngereh para dewa saha para Ratu ingkang sampun sami kula wengku, sampun ngantos wonten ingkang mbangkang dhateng prentahipun kakang”.
Bareng midhanget pangandikane Sang Hyang Jagadnata mangkono iku, Sang Hyang Kanekaputra banjur matur kanthi patrap kang banget susila anor-raga: “Dhuh Sang Hyang Jagadnata ingkang tuhu mbawani bawana saha binathara ingjagad! Saklangkung atur panuwun saha pamundhi kawula dhateng sadaya dhawuh-pangandika paduka. Pun kakang sendika nindakaken dhawuh-timbalan paduka, boten pisan-pisan nedya suwala ing karsa paduka.”
Sawise matur mangkono, Sang Hyang Kanekaputra banjur ndherekake Sang Hyang Jagadnata kondur menyang Jonggringsalaka. Sapraptane ing kahyangan, Sang Hyang Kanekaputra banjur asung sesuluh ing babagan kawruh kang durung kacakup dening Sang Hyang Jagadnata. Ing sabanjure Sang Hyang Kanekaputra tetep dadi pinituwane para dewa lan uga minangka pepatihe Sang Hyang Jagadnata.

Sumber: S. Padmosoukotjo, Silsislah Wayang Purwa Mawa carita

Sang Hyang Wenang

Layang Paramayoga mratelakake, bareng Sang Hyang Darmajaka, Sang Hyang Wenang lan Sang Hyang Pramanawisesa wis diwasa, kabeh padha winulang guna-kasantikan dening ingkang rama Sang Hyang Nurrasa nganti putus, banjur padha diunjuki Tirtamarta kamandhanu. Sawise mangkono, Sang Hyang Nurrasa banjur masrahake karaton lan kabeh panguwasane marang Sang Hyang Wenang, sarta banjur manunggal dadi siji karo Sang Hyang Wenang. Dadi, anane Sang Hyang Wenang iya anane Sang Hyang Nurrasa.

Sumber: www.hadisukirno.co.id

Sawise nampani pasrahe ingkang rama, Sang Hyang Wenang banjur manggalih surasane Pustakadarya, njalari kepencut marang lelakone ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya, satemah banjur sengsem ulah tapa-brata. Awit saka iku, Sang Hyang Wenang banjur lolos saka praja, ngalaya jagat. saenggon-enggon tarak brata matiraga, ora beda karo ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya. Wasanane Sang Hyang Wenang akahyangan ing puncake ardi Tunggal ing pulo Dewa, nyipta kaswargan kang luwih dening endah.
Bareng olehe akahyangan ana ing puncake ardi Tunggal wis 300 taun lawase, para ratuning jin sakawulane akeh kang padha ngidhep marang Sang Hyang Wenang, nganggep yen Sang Hyang Wenang iku kang murbeng alam.
Kacarita Prabu Ari Ratu ing Keling, midhanget warta yen ing ardi Tunggal ana kang neneka lan nyipta kahyangan kaswargan, ajejuluk Sang Hyang Wenang sarta ngaku kang murbeng alam. Sang Prabu banget bendu, enggal-enggal rawuh ing puncake ardi Tunggal ketemu karo Sang Hyang Wenang. Sulayaning rembug njalari pancakara. Nganti sawatara suwene Prabu Ari ngadu guna-kasantikan lumawan Sang Hyang Wenang, nanging wasanane Sang Prabu kasoran, banjur nungkul sarta ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Putrane putri Prabu Ari kang asesilih Dewi Saoti kagarwa Sang Hyang Wenang, apeputra telu, yaiku : 1 Sang Hyang Tunggal, 2 Sang Hyang Ening, 3 Dewi Yati (Suyati).
Ing jamane Sang Hyang Wenang, sing ngratoni sawarnaning makhluk (kalebu uga para jin) yaiku Nabi Suleman. Akeh ratuning jin ing pulo Dewa lan sakiwa-tengene kang padha murtat ing agama, amarga padha’ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Awit saka iku, Nabi Suleman dhawuh marang para wadyabala jin ndikakake nglurugi para Ratu kang padha murtat iku. Budhale para Wadyabala jin ditindhihi dening senapati Sakar, ngener pulo Dewa. Sapraptane ing pulo Dewa, senapati Sakar sawadyabalane campuh perang lumawan para ratuning jin kang padha murtat ing agama. Wasanane para ratuning jin padha kasoran.
Bareng priksa asoring yudane para ratuning jin, Sang Hyang Wenang enggal-enggal matek aji kamayan, tegese kasekten pangabaran kang bisa njalari sirnaning kasektene mungsuh. Amarga ketaman aji kamayan, senapati Sakar sawadyabalane banjur nglumpruk tanpa daya, kepeksa padha nungkul marang Sang Hyang Wenang. Panungkule senapati Sakar sawadyabalane ditampa becik dening Sang Hyang Wenang. Senapati Sakar tumuli diwulang sawarnaning guna-kasantikan dening Sang Hyang Wenang nganti putus.
Sang Hyang Wenang ndangu marang senapati Sakar, apa sababe Nabi Suleman kok nganti bisa ngratoni jin-setan lan sawarnaning kixtu-kutu walang ataga. Ature senapati Sakar, jalaran Nabi Suleman kagungan singsim maklukatghaib. Sawise midhanget ature senapati Sakar, Sang Hyang Wenang banjur dhawuh marang senapati iku ndikakake ndhustha singsim maklukatghaib kagungane Nabi Suleman. Sarana memba warna Nabi Suleman, Sakar bisa kaleksanan ndhustha singsim maklukatghaib nedya dicaosake marang Sang Hyang Wenang. Lakune Sakar mahawan gegana. Nalika Sakar ngliwati sadhuwure samodra, dumadakan singsim maklukatghaib tiba lan banjur kumelem ing samodra. Kanthi nglenthung lan ati keduwung, Sakar mbanjurake abure sowan marang Sang Hyang Wenang. Sapraptane ing ngarsane Sang Hyang Wenang, Sakar ngaturake sak-rehing dinuta saka wiwitan nganti tekan wekasan ora ana kang kliwatan. Sawise midhangetake
palapurane Sakar, Sang Hyang Wenang ngudarasa manawa pancen ora pinesthi bisa ndarbeni singsim maklukatghaib.
Kocap Nabi Suleman, bareng koncatan singsim maklukatghaib sugenge ngalami papa sangsara. Ananging jalaran saka bangeting panuwune marang Pangeran, ora antara lawas singsim maklukatghaib bisa kadarbe dening Nabi Suleman maneh, lan wiwit ing wektu iku sugenge Nabi Suleman ora kurang siji apa lan kalis ing sambekala.
Nabi Suleman tampa sasmitaning dewa, manawa kang ndhustha singsim maklukatghaib iku senapati Sakar kang banjur ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Nabi Suleman banget panuwune marang Pangeran bisa kalakon ngukum marang Sakar sakancane. Panuwune Nabi Suleman jinurungan dening Pangeran. Amarga tampa sasmita-dhawuhing Pangeran, Nabi Suleman yasa tumbal awujud rajah pangapesaning jin. Sawise tumbal dadi, Nabi Suleman dhawuh wadyabala ndikakake masang tumbal iku ing pulo Dewa sarta ing samodra sacedhake. Sawise tumbal dipasang, let 7 dina banjur keprungu suwara gumleger nggegirisi, samodra kocak mangombak-ombak pindha kinebur. Sawarnaning jin padha nandhang lara kabeh, pulo Dewa ngalami karusakan gedhe, jalaran banjur pecah dadi pulo cilik-cilik kang cacahe maewu-ewu. Sang Hyang Wenang rumangsa ora kuwawa nanggulangi mukjijate Nabi Suleman, mulane banjur enggal-enggal jengkar saka kahyangan ing pulo Dewa sakulawargane, ngungsi menyang dhasaring bumi.
Let sawatara taun lawase, bareng Nabi Suleman wis seda, Sang Hyang Wenang sakulawargane nedya kondur menyang pulo Dewa, nanging wurung, marga pulo iku wis banget rusake. Wasanane Sang Hyang Wenang sakulawargane banjur akahyangan ana ing puncake ardi Tengguru (Himalaya).
Miturut layang Kanda, Sang Hyang Wenang darbe kadang tuwa asma Sang Hyang Tunggal, rupane ala. Dadi Sang Hyang Tunggal iku uga putrane Sang Hyang Nurrasa. Amarga rupane ala, Sang Hyang Tunggal kadhawuhan dening ingkang rama supaya dadi bature Sang Hyang Wenang, apeparab Semar. Miturut buku iku :

  1. Sang Hyang Wenang jumeneng Ratu ana ing gunung Ajam, uripe wong-wong ing kono campur karo jim – setan.
  2. Garwane Sang Hyang Wenang putrane putri Sang Bilik, wayahe Sang Dabil utawa buyute Sang Kabil, nanging asmane ora kasebut.
  3. Putrane Sang Hyang Wenang papat, yaiku : 1 Dewi Niratirupane ala. 2 Sumba (Sambu), atangan papat. 3 Dewi Siti, yen cara Jawa Dewi Sinta. 4 Dewi Ladi, yen cara Jawa sinebut Dewi Landep.

Sang Hyang Wenang olehe kagungan putra atangan papat yaiku Sang Sumba utawa Sambu, amarga kuwalat Sang Hyang Tunggal, jalaran ndhisiki krama.
Miturut carita padhalangan, kahyangane Sang Hyang Wenang ing Ondarandirbawana, garwane asma Dewi Saoti, putrane Prabu Ari Ratu ing nagara Keling. Sang Dewi apeputra telu, yaiku : 1 Sang Hyang Tunggal, 2 Sang Hyang Ening, 3 Dewi Suyati (Yati).

Sumber: S. Padmosoukotjo, Silsislah Wayang Purwa Mawa carita

1 2