Wayangan

Banyu telaga akinclong-kinclong

Kataman cahyaning Hyang Baskara

Jroning banyu katon mencorong

Wewayanganing surya ing akasa.

 

Grumbul miwah kekayon aroyom

Muwuhi asrining wewayangan

Sliwering manuk kang golek ijon

Kumelap angrengga pesawangan.

 

Nanging sawuse surup srengenge

gambar ing telaga ilang musna

Kasaput sepi-sumuruping wengi

 

Kaya mangkono ing sanyatane

Padhang petenge atining manungsa

Gumantung marang karsane Hyang Widi.

Kaendahan

Pijer kejejer sandhing pepadhang

Ketarik dayaning cahya sumunar

Urubing geni wani rinangsang

katemahan sida mati kobar.

 

Warnendah kang rinengga ing sandhang

Mawa sesotya kang edi gumebyar

Asring agawe ati kegiwang

Nalar kesasar ketiwar-tiwar.

 

Pancen kena ingaran kalumrah

Yen mubarang kang ingadep endah

Sok gawwe ketliweng kang ngarah.

 

Jer mung ati kang sanyata tentrem

Kang tawar marang sarupaning endem

Ening eling sajrone kasengsem

Kawruh

Salwiring kodrat kang tinon mripat

Apadene kang tan kasatmata

kabeh tumindak miturut sipat

Garis angger-anggering jagad raya.

 

Wit lumrahing janma neng jagad

Tan sepi anane para sarjana

Rina lan wengi tan kendat-kendhat

Marsudi anggering tribawana

 

Sarana pakarti lawan semedi

Sanityasa ngetog mengulir budi

Wohing pamardi tinata titi.

 

Ginelar ing kandha sarwwa teteh

Murih gampang katampa ing akeh

Murakabi uripe janma kabeh.

Dayaning Sastra

Tembung kang ginantha lelarikan,

Tinata binaris kadya bata,

Sinambung pinutung, manut ukuran,

Dene banjur kasinungan daya!

 

Kumpule bata dadi yayasan,

Aweh nggon apik, brukut, santosa

Ngepenakake wong urip bebrayan,

Samono dayane bata tinata.

 

Gegodhongan tembung kang mawa isi,

Katiyasane ngungkul-ngungkuli,

Wohing laku, pamikir lan pangrasa,

Para empu, pujangga, sarjana.

 

Simpen, ginebeng ing gugubahan,

Mawindu-windu dadi turutan