Sang Hyang Narada

Sang Hyang Narada karo Bathara Guru, miturut layang Paramayoga, sadulur misan utawa tunggal buyut, yaiku padhadene buyute Sang Nurrasa. Nanging awune luwih tuwa Sang Hyang Narada, mulane panyebute Bathara Guru marang Sang Hyang Narada “kakang Narada”

Sumber: id.wikipedia.id

Miturut layang Punvakanda, Sang Hyang Narada karo Bathara Guru iku kadang nunggal rama-ibu, nanging luwih tuwa Sang Hyang Narada, mulane Bathara Guru nyebut “kakang Narada”. Miturut buku iku, Sang Hyang Tunggal apeputra papat, yaiku:
1 Sang Hyang Puguh (Togog), 2 Sang Hyang Punggung (Semar), 3 Sang Hyang Manan (Narada), 4 Sang Hyang Samba (Bathara Guru).
Miturut layang Mahabharata, Sang Hyang Narada putrane Maharsi Kasyapa miyos saka garwane Sang Maharsi kang angka 12, yaiku kang asesilih Dewi Muni. Wondene Bathara Guru, ing layang Mahabharata ora ana.
Layang Paramayoga mratelakake, Sang Hyang Caturkanaka garwane asma Dewi Laksmi. Sawise apeputra telu yaiku : Sang Hyang Narada (Kanekaputra), Sang Hyang Pritanjala lan Dewi Tiksnawati, Dewi Laksmi banjur kapundhut dening Sang Hyang Jagadnata (Bathara Guru) m in angka lelirune Dewi Uma. Amarga garwane yaiku Dewi Laksmi kapundhut dening Sang Hyang Jagadnata, Sang Hyang Caturkanaka banget nawung
prihatin. Sang Dewi kang tuhu musthikaning para wanudya, tansah katon gawang-gawangan ana. ing padoning netra, gumantung tuntunging wardaya. Ing sakawit Sang Hyang Caturkanaka ora bisa ngampah wiyoganing panggalih, rumangsa ketaman sewu lara sewu sedhih. Nanging lawas-lawas banjur mupus, panggalihe bisa sumeleh, sumendhe ing pepesthen. Sang Hyang Caturkanaka wasanane karsa; krama maneh, apeputra loro, yaiku Sang Hyang Caturwarna lan Caturbuja. Dadi Sang Hyang Narada kagungan kadang tunggal rama-ibu loro (Sang Hyang Pritanjala lan Dewi Tiksnawati), lan kadang tunggal rama seje ibu uga loro (Sang Hyang Caturwarna lan Caturbuja).
Sang Hyang Kanekaputra (Narada) n; mpuni ing guna-kasantikan sarta jaya kawijayan, sengsem mratapa ing samodra, ora bisa teles dening tirta lan ora bisa kumelem ing samodra. Amarga saka genturing tapa-bratane, tejane sumunar katon saka ing Jonggringslaka, kawuningan dening Sang Hyang Jagadnata. Awit saka iku Sang Hyang Jagadnata dhawuh marang.para dewa, ndikakake nitipriksa samodra barang apa kang mawa teja angujwala kawistara saka ing Jonggringsalaka. Satekane ing samodra, para dewa priksa ana maharsi mbeneri lagi manungku puja samadi. Tar.pa ganggugawe marang kang lagi tarak brata manungku puja, para dewa enggal-enggal mbalek menyang Suralaya, ngaturi priksa marang Sang Hyang Jagadnata yen ana maharsi mratapa ing samodra.
Heh para dewa kabeh ! Maharsi kang lagi mratapa ana ing samodra tumuli timbalana, kerida ing salakunira. Sira ingsun paringi purba-wasesa; manawa maharsi iku lenggana kena sira roda-paksa, yen bangga rampungana!” Mangkono dhawuhe Sang Hyang Jagadnata.
Para dewa matur sendika, banjur padha budhal maneh menyang samodra.
“Heh maharsi tapa, wruhanira! Para dewa kabeh iki ngemban timbalane Sang Hyang Jagadnata, ndikakake nimbali sira. Sira kadhawuhan sowan Sang Hyang Jagadnata ing Jonggringslaka saiki uga, bebarengan karo lakune para dewa”. Mangkono ngendikane para dewa marang sang tapa. Sang Hyang Narada kang nalika samana lagi muja samadi nutupi babahan hawa sesanga, noleh bae ora marang para dewa, terus pitekur kae nganti wola-wali para dewa anggone ndhawuhake timbalane Sang Hyang Jagadnata, nanging babar-pisan ora antuk wangsulan saka sang tapa. Suwe-suwe para dewa entek sabare, satemah banjur tumindak kanthi roda-paripaksa. Para dewa padha tumandang bebarengan njunjung sang tapa, nedya digotong binoyong menyang ngarsane Sang Hyang Jagadnata. Nanging para dewa ora kuwat ngangkat mandar salirane sang tapa obah bae ora. Para dewa padha kaku panggalihe, banjur padha bebarengan ngrubut sang tapa kanthi gegaman maneka warna. Nanging, sanajan dikrocok sanjata dening| para dewa, sang tapa katon ayem bae, nerusake pitekure. Bareng wis kesel olehe mrawasa marang sang tapa, para dewa banjur mbalik menyang Jonggringslaka sowan ing ngarsane Sang Hyang Jagadnata, ngaturake sak-rehing dinuta. Sawise midhangetake ature para dewa. Sang Hyang Jagadnata tumuli tedhak piyambak ing samudra kanthi nawung duka.
“Heh manungsa tapa! Apa kang dadi gegayuhanira, dene sira kepati tapa-brata, Apa sira kapengin mumpuni ing sawarnaning guna-kasantikan lan kawicaksanan ngungkuli para dewa kabeh!” Mangkono ngendikane Sang Hyang Jagadnata.
Amarga kang mratapa isih meneng bae, tanpa mangsuli sakecap, Sang Jagadnata banjur ngendika maneh: “Heh maharsi tapa! Nadyan sira ora mblakakake sedyanira, ingsun ora kesamun marang gegayuhanira. Sira iku banget adigung-kumlungkung darbe cipta kapengin pinangeran ing jagad. Sedyanira mangkono iku tangeh lamun bisaa kasembadan, amarga ya ingsun iki kang binathara ing jagad tanpa sisihan. Nadyan sira mratapa nganti 1000 warsa, ingsun tanpa mratapa sadina, tangeh lamun sira bisa madani ingsun, jer ingsun iki wis pinasthi kudu mbawani bawana. Sira kalah tuwa karo ingsun; dene kang luwih tuwa tinimbang ingsun bumi lan langit sarta cahya kang nglimputi bawana. Wondene kang tuwa dhewe ora liya mung anane Sang Hyang Wisesa”.
Saparipurnaning pangandikane Sang Hyang Jagadnata, sang tapa tumuli mudhar tapa, mak gregah banjur ngendika karo gumuyu latah : “Wruhanira ! Ingsun iki kang apeparab Sang Hyang Narada, iya Sang Hyang Kanekaputra. Sadurunge sira ngendika, ingsun wus sumurup manawa sira iku Sang Hyang Jagadnata kang mbawani bawana lan pinangeran ing jagat, ratuning para dewa kabeh. Nanging manawa kawruhira mung kaya kang sira andharake dhek mau, durung kena ingaranan etuking kawruh bab sampurnaning urip, lan durung waspada marang Jatining tunggal, amarga anane Hyang Wisesa sira anggep kang sepuh dhewe. Mangka nalika anane Hyang Wisesa wus miyarsa swara kadi gentha kekeleng dumeling. Mulane kasinungan pangrungu, iku dadi tandha yekti yen wis ana kang amengku. Hla kang amengku iku sapa! Lan maneh nalikane isih awang-uwung bumi-langit durung ana, apa kang ana dingin, lan sapa kang ngcnakake! Yen sira durung sumurup babare pangandikaningsun iki, durung kena sinebut putus ing budi.”
Bareng midhanget pangandikane Sang Hyang Narada mangkono iku, Sang Hyang Jagadnata njentung banget panggalihe, amarga banjur rumangsa kurang putus ing kawruh, wasana banjur ngendika kanthi basa mardu-mardawa; “Kakang Kanekaputra!
Samangke kula saweg rumaos, bilih kula punika salu’gunipun dereng putus ing kawruh. Awit saking punika, kakang tetepa dados sepuh, asunga seserepan dhateng kula, kadospundi terangipun ingkang jengandika ngendikakaken kala wau punika, supados adamel padhanging manah kula. Kakang karsaa minggah dhateng kahyangan, kula pasrahi wewenang ngereh para dewa saha para Ratu ingkang sampun sami kula wengku, sampun ngantos wonten ingkang mbangkang dhateng prentahipun kakang”.
Bareng midhanget pangandikane Sang Hyang Jagadnata mangkono iku, Sang Hyang Kanekaputra banjur matur kanthi patrap kang banget susila anor-raga: “Dhuh Sang Hyang Jagadnata ingkang tuhu mbawani bawana saha binathara ingjagad! Saklangkung atur panuwun saha pamundhi kawula dhateng sadaya dhawuh-pangandika paduka. Pun kakang sendika nindakaken dhawuh-timbalan paduka, boten pisan-pisan nedya suwala ing karsa paduka.”
Sawise matur mangkono, Sang Hyang Kanekaputra banjur ndherekake Sang Hyang Jagadnata kondur menyang Jonggringsalaka. Sapraptane ing kahyangan, Sang Hyang Kanekaputra banjur asung sesuluh ing babagan kawruh kang durung kacakup dening Sang Hyang Jagadnata. Ing sabanjure Sang Hyang Kanekaputra tetep dadi pinituwane para dewa lan uga minangka pepatihe Sang Hyang Jagadnata.

Sumber: S. Padmosoukotjo, Silsislah Wayang Purwa Mawa carita

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *