Sang Hyang Wenang

Layang Paramayoga mratelakake, bareng Sang Hyang Darmajaka, Sang Hyang Wenang lan Sang Hyang Pramanawisesa wis diwasa, kabeh padha winulang guna-kasantikan dening ingkang rama Sang Hyang Nurrasa nganti putus, banjur padha diunjuki Tirtamarta kamandhanu. Sawise mangkono, Sang Hyang Nurrasa banjur masrahake karaton lan kabeh panguwasane marang Sang Hyang Wenang, sarta banjur manunggal dadi siji karo Sang Hyang Wenang. Dadi, anane Sang Hyang Wenang iya anane Sang Hyang Nurrasa.

Sumber: www.hadisukirno.co.id

Sawise nampani pasrahe ingkang rama, Sang Hyang Wenang banjur manggalih surasane Pustakadarya, njalari kepencut marang lelakone ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya, satemah banjur sengsem ulah tapa-brata. Awit saka iku, Sang Hyang Wenang banjur lolos saka praja, ngalaya jagat. saenggon-enggon tarak brata matiraga, ora beda karo ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya. Wasanane Sang Hyang Wenang akahyangan ing puncake ardi Tunggal ing pulo Dewa, nyipta kaswargan kang luwih dening endah.
Bareng olehe akahyangan ana ing puncake ardi Tunggal wis 300 taun lawase, para ratuning jin sakawulane akeh kang padha ngidhep marang Sang Hyang Wenang, nganggep yen Sang Hyang Wenang iku kang murbeng alam.
Kacarita Prabu Ari Ratu ing Keling, midhanget warta yen ing ardi Tunggal ana kang neneka lan nyipta kahyangan kaswargan, ajejuluk Sang Hyang Wenang sarta ngaku kang murbeng alam. Sang Prabu banget bendu, enggal-enggal rawuh ing puncake ardi Tunggal ketemu karo Sang Hyang Wenang. Sulayaning rembug njalari pancakara. Nganti sawatara suwene Prabu Ari ngadu guna-kasantikan lumawan Sang Hyang Wenang, nanging wasanane Sang Prabu kasoran, banjur nungkul sarta ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Putrane putri Prabu Ari kang asesilih Dewi Saoti kagarwa Sang Hyang Wenang, apeputra telu, yaiku : 1 Sang Hyang Tunggal, 2 Sang Hyang Ening, 3 Dewi Yati (Suyati).
Ing jamane Sang Hyang Wenang, sing ngratoni sawarnaning makhluk (kalebu uga para jin) yaiku Nabi Suleman. Akeh ratuning jin ing pulo Dewa lan sakiwa-tengene kang padha murtat ing agama, amarga padha’ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Awit saka iku, Nabi Suleman dhawuh marang para wadyabala jin ndikakake nglurugi para Ratu kang padha murtat iku. Budhale para Wadyabala jin ditindhihi dening senapati Sakar, ngener pulo Dewa. Sapraptane ing pulo Dewa, senapati Sakar sawadyabalane campuh perang lumawan para ratuning jin kang padha murtat ing agama. Wasanane para ratuning jin padha kasoran.
Bareng priksa asoring yudane para ratuning jin, Sang Hyang Wenang enggal-enggal matek aji kamayan, tegese kasekten pangabaran kang bisa njalari sirnaning kasektene mungsuh. Amarga ketaman aji kamayan, senapati Sakar sawadyabalane banjur nglumpruk tanpa daya, kepeksa padha nungkul marang Sang Hyang Wenang. Panungkule senapati Sakar sawadyabalane ditampa becik dening Sang Hyang Wenang. Senapati Sakar tumuli diwulang sawarnaning guna-kasantikan dening Sang Hyang Wenang nganti putus.
Sang Hyang Wenang ndangu marang senapati Sakar, apa sababe Nabi Suleman kok nganti bisa ngratoni jin-setan lan sawarnaning kixtu-kutu walang ataga. Ature senapati Sakar, jalaran Nabi Suleman kagungan singsim maklukatghaib. Sawise midhanget ature senapati Sakar, Sang Hyang Wenang banjur dhawuh marang senapati iku ndikakake ndhustha singsim maklukatghaib kagungane Nabi Suleman. Sarana memba warna Nabi Suleman, Sakar bisa kaleksanan ndhustha singsim maklukatghaib nedya dicaosake marang Sang Hyang Wenang. Lakune Sakar mahawan gegana. Nalika Sakar ngliwati sadhuwure samodra, dumadakan singsim maklukatghaib tiba lan banjur kumelem ing samodra. Kanthi nglenthung lan ati keduwung, Sakar mbanjurake abure sowan marang Sang Hyang Wenang. Sapraptane ing ngarsane Sang Hyang Wenang, Sakar ngaturake sak-rehing dinuta saka wiwitan nganti tekan wekasan ora ana kang kliwatan. Sawise midhangetake
palapurane Sakar, Sang Hyang Wenang ngudarasa manawa pancen ora pinesthi bisa ndarbeni singsim maklukatghaib.
Kocap Nabi Suleman, bareng koncatan singsim maklukatghaib sugenge ngalami papa sangsara. Ananging jalaran saka bangeting panuwune marang Pangeran, ora antara lawas singsim maklukatghaib bisa kadarbe dening Nabi Suleman maneh, lan wiwit ing wektu iku sugenge Nabi Suleman ora kurang siji apa lan kalis ing sambekala.
Nabi Suleman tampa sasmitaning dewa, manawa kang ndhustha singsim maklukatghaib iku senapati Sakar kang banjur ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Nabi Suleman banget panuwune marang Pangeran bisa kalakon ngukum marang Sakar sakancane. Panuwune Nabi Suleman jinurungan dening Pangeran. Amarga tampa sasmita-dhawuhing Pangeran, Nabi Suleman yasa tumbal awujud rajah pangapesaning jin. Sawise tumbal dadi, Nabi Suleman dhawuh wadyabala ndikakake masang tumbal iku ing pulo Dewa sarta ing samodra sacedhake. Sawise tumbal dipasang, let 7 dina banjur keprungu suwara gumleger nggegirisi, samodra kocak mangombak-ombak pindha kinebur. Sawarnaning jin padha nandhang lara kabeh, pulo Dewa ngalami karusakan gedhe, jalaran banjur pecah dadi pulo cilik-cilik kang cacahe maewu-ewu. Sang Hyang Wenang rumangsa ora kuwawa nanggulangi mukjijate Nabi Suleman, mulane banjur enggal-enggal jengkar saka kahyangan ing pulo Dewa sakulawargane, ngungsi menyang dhasaring bumi.
Let sawatara taun lawase, bareng Nabi Suleman wis seda, Sang Hyang Wenang sakulawargane nedya kondur menyang pulo Dewa, nanging wurung, marga pulo iku wis banget rusake. Wasanane Sang Hyang Wenang sakulawargane banjur akahyangan ana ing puncake ardi Tengguru (Himalaya).
Miturut layang Kanda, Sang Hyang Wenang darbe kadang tuwa asma Sang Hyang Tunggal, rupane ala. Dadi Sang Hyang Tunggal iku uga putrane Sang Hyang Nurrasa. Amarga rupane ala, Sang Hyang Tunggal kadhawuhan dening ingkang rama supaya dadi bature Sang Hyang Wenang, apeparab Semar. Miturut buku iku :

  1. Sang Hyang Wenang jumeneng Ratu ana ing gunung Ajam, uripe wong-wong ing kono campur karo jim – setan.
  2. Garwane Sang Hyang Wenang putrane putri Sang Bilik, wayahe Sang Dabil utawa buyute Sang Kabil, nanging asmane ora kasebut.
  3. Putrane Sang Hyang Wenang papat, yaiku : 1 Dewi Niratirupane ala. 2 Sumba (Sambu), atangan papat. 3 Dewi Siti, yen cara Jawa Dewi Sinta. 4 Dewi Ladi, yen cara Jawa sinebut Dewi Landep.

Sang Hyang Wenang olehe kagungan putra atangan papat yaiku Sang Sumba utawa Sambu, amarga kuwalat Sang Hyang Tunggal, jalaran ndhisiki krama.
Miturut carita padhalangan, kahyangane Sang Hyang Wenang ing Ondarandirbawana, garwane asma Dewi Saoti, putrane Prabu Ari Ratu ing nagara Keling. Sang Dewi apeputra telu, yaiku : 1 Sang Hyang Tunggal, 2 Sang Hyang Ening, 3 Dewi Suyati (Yati).

Sumber: S. Padmosoukotjo, Silsislah Wayang Purwa Mawa carita

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *